Riyadi's Blog

Menggagas Wacana Guru Blogger

Surasaning Atiku

Surasaning atiku buthek banyu suweg
mudheg muleg lelakon kang iku-iku bae
lumrahe ati sumare
hananging cakrabawa tansah ngrreridhu
tumrap nala tankena diwaca
gojag-gajeg nuja-nuju
hawa nepsu tankena pinrungu
botohe hamung hamarikelu
Suwening gawe hhakarya polah tanpa cinacah
samubarange saya bubrah
ngambrah-ambrah
hamung bisa peprentah
janora lumrah
tanpa bebungah

26 Januari 2010 Posted by | Puisi | , | Komentar Dinonaktifkan pada Surasaning Atiku