Geguritan 2
nadyan sliramu sesingidan
jroning cahyo tanpa rerupa
jroning piwulang tanpa kekandha
mapan iku darbe tandha
tumrap lakuning gesang manungsa
tumrap bebudening luhur ngawiyat
mula buka lumampahing nala
sun gegurit
sun pahargya
bibit bebet pagrasuking kasarjanan
mugi dadiya jampi
sumyak gagating reformasi
